KANG SEJATI

بِسْــــــــــــــــمِ اﷲِالرَّحْمَنِ اارَّحِيم


Bismillahirrahmanirrahim
 
Assalamualaikum
Dengan senantiasa bermohon Ridha dan Tolong dari Allah SWT, penulis menyampaikan pemahaman tentang KANG SEJATI sesuai ilmu yang penulis fahami. Hal ini penulis sampaikan semata-mata untuk sarana ibadah kepada Allah, jadi tidak ada maksud yang selain-nya. Tulisan ini juga tidak untuk mencari pembenaran tetapi berharap untuk mendapatkan kebenaran agar sampai kepada tujuan kebenaran dengan kebenaran yang dijalankan,

Dununge urip ono sajroning rasa,  urip lan rasa iku ono ing panguwasaning Gusti kang moho suci, menowo rasa wis ora bisa ngrasakake, pratondo urip wis ora ono, yektine urip wis kapundut bali marang panguwasaning Gusti (rasane wis mati bebarengan uripe bali ngarsanipun Gusti Kang Moho Suci, kang keri hamung bathange/ mayite terus dibalikake uga ing sakjroning siti/ lemah).  Mulo iku poro sedulurku kabeh, ayo podo migunakake urip kanti coro dadi manungsa kang bener lan pinter NGRASAKAKE, yaiku ngrasakake RASA KANG SEJATI. Rasa kang sejati yaiku rasa kang didasari/ linambaran ILMU KANG SEJATI,  dene ilmu kang sejati yaiku ilmu kang diparingke marang manungsa lan diajarke marang manungsa supoyo manungsa mangerteni marang uripe. Dene kang duweni uga mulang ilmu kang sejati yaiku GURU KANG SEJATI. Rasa kang sejati linambaran ilmu kang sejati  yaiku rasa kang didasari/ linambaran sifat adil lan welas asih. Mulo poro sedulurku kabeh ono sakjroning urip iki, ayo podo ngutamakake tumindak kang didasari/ linambaran rasa adil lan welas asih. Dene manungsa kang temen lan ikhlas tumindak kanti linambaran rasa kang adil lan welas asih iku kasebut MANUNGSA KANG SEJATI yaiku SETEMEN-TEMENE MANUNGSA.
Alhamdulillahirrabbil’alamin

13 September 2013
Putra Rakyat Jelata


Abdullah Soim Utomo

No comments: